Tuladha aturipun pranata adicara badhe lan paripurnanipun atur pambagyoharjo
sedulur adicarajawi
ingkang kinormatan. wonten artikel
sakderenge sampun wonten conto Tuladha atur pambuka adicara pasrah penampi
lamaran, sumonggo ingkang dereng maos artikel sumonggo saget klik wonten mriki
wonten kesempatan punika penulis bade
ngaturaken tuladha pranata adicara badhe lan paripurnanipun pambagyahajo ing
pahargyan lamaran. sakliyane pranata
adicara wonten kesempatan punika penulis ugi ngaturi tuladaha atur pambagyo harjo. ingkang luweh jelasipun
sumonggo dipersani conto sebagai berikut
:
1.
Tuladha
Aturipun pranata adicara badhe pambagyaharjo ing pahargyan lamaran
Para Lenggah kakung soho putri, Ingkang sinuba ing pakurmatan, raos
bombong miwah mongkoging manah panjenangnipun BP_________ sekalian ibu ingkang
mengku gati mboten saged kagambaraken wonten mriki, madyaning ing kalenggahan
punika ing sedaya badhe hangaturaken pambagyoharjo wonten ngarso panjenengan.
Awit saking bombonging manah anggenipun bade matur amung kandheng
wonten samadyaning jangga. ingkang punika minangka sulih sarira ingkang piniji
nun inggih panjenenganipun BP_______
wekdal kasumanggakaken , sumonggo nuwun
2.
Tuladha
Atur pranata adicara sasampunipun/ paripurnaipun tata adicara pambagyoharjo
katuran cetha kaduk ruruh hanggah prana aturipun BP ______ pinangka
sulih salira ingkang hamengku gati. Para
lenggah kakung soho putri ingkang kinormatan, salajengipun dumugi laksitaning
tata adicara atur pasrahipun saking duta saraya badhe calon kadang besan.
Wondene ingkang pinangka sulih saliranipun nun inggih panjenenganipun BP ________
wekdal kasummanggaaken.
3.
Tuldha
Atur pambagyaharjo wonten ing pahargyan lamaran
Assalamu’alaikum
wa rahmatullahi wa barakatuh
Dumateng Kakung saha putri Para
pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta saraya saking
calon saha badhe/ calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes
kinurmatan, para lenggah kakung putri ingkang sutuhu bagya mulya. Kaparenga
kulo mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sedaya amargi kula piniji panjenenganipun
Bp.................. sekalihan,
kinenngaturaken pambagyaharja raos suka ebahing manah bingah saha lekasing
sedya ing kalenggahan punika.
Pinangka purwakaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken
ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung,
karana sih milasa miwah barokah ingkang rumentah dumateng panjenengan sedaya
dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saget kempal manunggal
kanthi pinayungan karaharjan lebih ing sambekala.
para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning pepanggihan
punika Bp................ sekalihan lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh
awit karawuhanipun para pinisepuh langkung-langkung para kadang duta saraya
tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindahan, mugi keparenga
panjenenganipun para lenggah sesuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning
penggalih.
Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas
wekasing sedya wigatosing gati, keparenga kulo aturaken ndyan panjenengan
sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika .
Nun inggih ing nguni panjenenganipun Bp................... sekalihan garwa
sampun nggumolongaken pirembagan kalihan panjenenganipun Bp..................
sekalihan, karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh
nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun
Bp...................sekalihan garwa kagungan putra ingkang kekasih
Bg............. panjenenganipun
Bp................. sekalihan anggadahi siwi putri taruni kanthi sesilih
Rr............. manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken adat
inggih awit saking samudayanipun sampun manunggal cipta rasa miwah karsanipun
ing kalenggahan punika badhe kaleksanan tata upacara pasrah panampining uparti
winastan lamaran saha walimahan.
Mugi-mugi lekasing wekasing sedya saget kasembadan ingkang sami
ginayuh, panyuwunipun Bp..................... sekalihan mugi wontena jumuruning
pamuji hastuti saking para lenggah sadaya hanggenya Bp.....................
sekalihan badhe nampi pasrahipun calon kadang besan tansah manggih basuki ing salwiring seh.
Hambok bilih Bp................sekalihan sumarambah para kulawangsa
anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kiranging tanggap tangguh miwah
gupuh labet hang-lenggana budi dayadhiri saha mboten hanuju prana lebat
kiranging seserepan kula ing reh suba sita, basa tuwinsastra, mugi di agung
pangeksama panjenengan sadaya wekdhal kula aturaken kadang pranataadicara.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Sumber ;
Sukismo, Nyoto :” Tuladha kagem pranata adicara “ Lingkar
Media
http://konsepdasarpendidikananakusiadini.blogspot.co.id
Komentar
Posting Komentar