TULADHA PRANATA ADICARA ING PAHARGYAN LAMARAN


1.      1. Tuladha atur pambuka  pranata adicara pasrah panampining lamaran
assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Panjenangipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh, ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinunndhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung soho putri, kadang wredha ingkang winantu suka basuki.
Mradapa keparenganipun Bp _____________ sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika kulo pinjil pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah penampining upakarti miwah lamaran kinarya jejangkeping tata cara salaki rabi.
namung saderengipun kulo ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kaluwarga, cunduk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging pancasila sumangga nun dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah ingkang maha agung, karonon ageng barokah saha rahmat ingkang sampun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kulo.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adicara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.
Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga pranata adicara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara panampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantam para kulawarga.
Tinarbaka atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun pinjil. atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih salira saking badhe/ calon kadang besan. Atur penampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranahan Bp. _________ ingkang mangku gati. Kaleksananipun adicara liru kalpika. Tanggap wacana sawatawis saking pinisepuh ingkang tumuju dhumateng kasaenan. Paripurnaning sedya hambok bilih ingkang mangke wonten pratanda saking kulawarga minangka paran para.
Makaten para tamu saha para lenggah urut reroncenipun tata adicara pasrah lamaran ingkang sinnanggit dening  para kaluwarga, kasuwun wontena suka waning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati.

Nuwun, Nuwun, Matur suwun

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tuladha aturipun pranata adicara badhe lan paripurnanipun atur pambagyoharjo