Postingan

Menampilkan postingan dari 2018

Tuladha aturipun pranata adicara badhe lan paripurnanipun atur pambagyoharjo

sedulur adicarajawi   ingkang kinormatan. wonten artikel sakderenge sampun wonten conto Tuladha atur pambuka adicara pasrah penampi lamaran, sumonggo ingkang dereng maos artikel sumonggo saget klik wonten mriki   wonten kesempatan punika penulis bade ngaturaken tuladha pranata adicara badhe lan paripurnanipun pambagyahajo ing pahargyan lamaran.   sakliyane pranata adicara wonten kesempatan punika penulis ugi ngaturi tuladaha   atur pambagyo harjo. ingkang luweh jelasipun sumonggo dipersani   conto sebagai berikut : 1.       Tuladha Aturipun pranata adicara badhe pambagyaharjo ing pahargyan lamaran Para Lenggah kakung soho putri, Ingkang sinuba ing pakurmatan, raos bombong miwah mongkoging manah panjenangnipun BP_________ sekalian ibu ingkang mengku gati mboten saged kagambaraken wonten mriki, madyaning ing kalenggahan punika ing sedaya badhe hangaturaken pambagyoharjo wonten ngarso panjenengan. Awit saking bombonging manah an...

TULADHA PRANATA ADICARA ING PAHARGYAN LAMARAN

1.       1.  Tuladha atur pambuka  pranata adicara pasrah panampining lamaran assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh Panjenangipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh, ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinunndhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung soho putri, kadang wredha ingkang winantu suka basuki. Mradapa keparenganipun Bp _____________ sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika kulo pinjil pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah penampining upakarti miwah lamaran kinarya jejangkeping tata cara salaki rabi. namung saderengipun kulo ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kaluwarga, cunduk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging pancasila sumangga nun dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah ingkang maha agung, karonon ageng barokah saha rahmat ingkang sampun ingk...