TULADHA PRANATA ADICARA ING PAHARGYAN LAMARAN
1. 1. Tuladha atur pambuka pranata adicara pasrah panampining lamaran assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh Panjenangipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh, ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinunndhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung soho putri, kadang wredha ingkang winantu suka basuki. Mradapa keparenganipun Bp _____________ sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika kulo pinjil pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah penampining upakarti miwah lamaran kinarya jejangkeping tata cara salaki rabi. namung saderengipun kulo ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kaluwarga, cunduk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging pancasila sumangga nun dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah ingkang maha agung, karonon ageng barokah saha rahmat ingkang sampun ingk...